Nemu ini di draft, trus langsung ngakak-ngakak:
Isuk-isuk. Pas meh mangkat sekolah...
Didi Mbak, aku sekarang lagi menjalankan bisnis lho. (senyam-senyum)
Aku Bisnis apa?
Didi Jadi tu aku suruh nggarapin tugasnya Saroh, terus dia nanti mbayar aku.
Ibu Mbayar pira nek ngono kui?
Didi Nek dulu 8 ribu mah.
Ibu Tugase gek kon ngopo?
Didi Gampang banget lho mah, cuma nyari di internet tentang vitamin-vitamin njuk diprint. (antusias)
Aku gur meneng wae.. Males sing nyauri.
Pas bapak lenggahan ngagem sepatu nang teras, sang ibu ngomong-ngomong ke bapak.
Ibu Pak, anakmu ki nggarapke tugase kancane njuk njaluk dibayar lho, Pak.
Bapak Sopo dhik?
Didi Saroh pak, lha soale deke ki radhong. (nggaya, dumeh luwih dhong)
Bapak Mbok ra ngono to, Dhik! Mesakke! Bla bla bla. (emosi membuncah, tak percaya anake licik)
Didi Iyo iyo.. (makprempeng)
Bapak Wes rasah njaluk bayaran, kowe ki ra mesakke. Duite tak ijoli wae. (tasih njenggureng)
Didi (ora njawab) (kecewa) (lara ati)
Ibu (merasa bersalah amergo wes nglaporke nang Bapak) Piye dek kowe ikhlas to? Entuk pahala..
Bisnis gagal sebelum dimulai.
AKU GUR NGAMPET NGAKAK NANG JERO OMAH.
